Sejarah Desa

AISYAH 30 April 2014 17:20:39 WIB

Dumadine Desa Kalitekuk.

Kacarita , satunggaling wekdal  Pangeran Papak [1]kautus dening Kanjeng Sunan ing Surakarta  supados ngirit prajutit saperlu mikut demang Pancasedewa sedherekipun bupati Pancadirja ing Pati,Ponjong , ingkang mbalela mbondhan dhatanpa ratu.

Satunggaling dinten Pangeran Papak dipun dherekaken mbah Kumpul siram dhateng  belik ing pinggiring  lepen ngandhap  wit ringin. Nalika Pangeran Papak nyepeng bathok pinangka cidhuk, bathokipun mrucut . mbah Kumpul mangertos  bilih anggenipun mrucut jalaran drijinipun Pangeran Papak ketingal  rata utawi nekuk Mangertosi bilih drijinipun Pangeran papak warata mbah Kumpul alok “ oh jebul drijine Pangeran papak ki nekuk “

            Mireng alokipun mbah Kumpul Pangeran Papak duka .Mbah Kumpul lajeng katimbalan nyaket ing kali caketing belik . Riwusnya mbah Kumpul nyaket tanganipun mbah Kumpul dipun cepeng dening Pangeran Papak lajeng drijinipun katekuk dening Pangeran Papak kalihan ngendika: “ Astaku ora nekuk nanging papak. Nekuk ki ciker kaya drijimu sing tak tekuk iki . Mbah Kumpul  kenging walat , drijinipun sami ciker . Nekuk tan mangga puliha. Pangeran Papak ngendika “ Titenana sak anak turunmu besuk tangane bakal nekuk kaya drijimu iki. Lan padha rungokna papan ing kali iki nek ana rejaning jaman dak jenengi Kalitekuk “ Wiwit kedadosan punika papan kasebat lajeng katelah Kalitekuk .

            Mbah Kumpul  rumaos keduwung  ,lingsem wor suh kalawan rumaos lepat. . Gegancangan mbah Kumpul nggennya nubruk padanipun Pangeran Papak ,sarwi nguwuh –uwuh nyuwun  aksami. Nanging prasapa  ingkang sampun kaweca sayekti dhatan saget dipun udhari.

            Rumaos lingsem, lepat lan ajrih mbah Kumpul bingung tan jenjem jroning manah wekasan nggeblas kesah kasirna tilas.[2]

[1]Pangeran Papak = Utusan Kanjeng Sunan ing Kasunanan Surakarta

[2]Kasirna tilas = kelangan lacak

 

Urutaning Bekel, Lurah Lan Kepala Desa kalitekuk

  1. Bekel Sastrodinomo ngasta paprentahan tahun 1847 dumugi tahun 1886 utawi dangunipun wonten 39 tahun.
  2. Bekel Sastrodinomo dados bekel 9 tahun inggih saking tahun 1886 dumugi tahun 1895
  3. Lurah Mentajiwa ngasta pinangka lurah dangunipun 28 tahun , saking tahun 1895 ngantos  lereh  ing tahun 1923.
  4. Mangun Sentana saking tahum 1923 dumugi tahun 1953 ,saksampunipun kendel anggenipun dados Lurah lajeng kundur dhateng Panggul ngantos seda tahun 1966.
  5. Lurah Giyono utawi Wonodiwiryo  ngasta Lurah boten dangu , namung watawis kalih  tahun, saking tahun 1953 – 1955.
  6. Lurah R Siswoyo nyepeng panguwaos Kalitekuk wiwit tahun 1955 dumugi 1992
  7. Damin BA Kepala Desa Kalitekuk 1994-2012
  8. Waluya dados kepala Desa Kalitekuk wiwit tahun 2012 ngantos 2018 Ing Tahun tahun 2018 Waluya ugi kapilih malih ambal kaping kalih ngantos paripurna ing tahun 2024.

 

 

Pencarian

Komentar Terkini

Media Sosial

FacebookTwitterGoogle PlussYoutubeInstagram

Statistik Kunjungan

Hari ini
Kemarin
Pengunjung