NGUDI KAWRUH BASA JAWA

KPMkalitekuk 15 November 2017 13:17:23 WIB

Desa Kalitekuk; Saperangan taksih kathah para tiyang ingkang taksih kirang leres anggenipun ngginakaken basa jawa ingkang leres lan sae mungguhing trap trapan ingkang sak mesthinipun. Kawontenan ingkang kados mekaten sakestu dadosaken raos prihatin saha kawigatosan kita sedaya. Karana wonten ing jaman ingkang sangsaya maju trap trapan tegnologi pembangunanipun  menika saget dadosaken kabudayan lan ungah ungguh jawa sangsaya dipun tilar dening para putra wayah. Mila kanthi mekaten dados salah satunggaling dhedhasar kagem Pemerintah Desa Kalitekuk kanthi ngawontenaken acara ingkang mendhet irah irahan Ngudi Kawruh Basa Jawa ingkang dipun pandegani dening Bapa Kepala Desa Kalitekuk nun injih Bapa waluya. Menggah nara sumber ingkang ngesuhi utawi paring piwucal babakan kawruh basa jawa menika nun injih panjnenganipun Bapa Susena Aji SPd, salah sawijining Tokoh kesenian jawi ingkang multi talenta,  Sutradara Kethoprak, Dhalang Wayang Kulit, campursari, lan sanes sanesipun. Ingkang sak menika ugi taksih ngasta Kepala Sekolah wonten ing salah sawijining Sekolah Dasar wonten ing Kecamatan Semin.

Adicara menika sakestu pikantuk tanggapan ingkang sae saking para rawuh ingkang sami ndherek pelatihan menika. Kepara ngersakaken adicara kados mekaten langkung dipun tingkataken wonten ing tahun tahun ingkang badhe datheng, supados langkung kathah ingkang pirsa utawi mangertosi tata basa ingkang leres saha sae. Sebab sak menika taksih kathah sanget ingkang ginakaken basa jawa miterat karebipun piyambak piyambak, kepara awakipun piyambak dipun unggulaken, sanadyan sejatosipun boten dipun jarak atur ingkang kados mekaten. Menawi menika dipun lajengkaen dados pakulinan ingkang boten sae, sebab wonten ing pamireng kejawi boten sekeca ugi ngasoraken tiyang sanes, lan werdinipun saget ngandhapaken jatidiripun ingkang paring pangandikan.

Ngudi Kawruh Basa Jawa punika saking panjenenganipun bapa Kepala Desa dipun dadosaken program utami pinangka panyengkuyungan Keistimewaan Jogjakarta ingkang badhe ngangkat budaya jawa supados boten kepedhotan ngantos dumugi putra wayah samangke. Dipun purwakani kanthi Pelatihan menika mugi dadosna dhedhasar anggenya sami ngginakaken basa jawa ingkang leres. Sedaya kedah dipun awiti saking ngandhap, mbok bilih sampun kagungan dhasar ingkang kiat lan leres boten badhe kangelan menawi badhe nglestantunaken kabudayan jawi kanthi Memayu hayuning pribadi; memayu hayuning kulawarga; memayu hayuning sesama; memayu hayuning bawana, amarga alam iki sejatining guru.

“WONG JAWA AJA ILANG JAWANE”

Belum ada komentar atas artikel ini, silakan tuliskan dalam formulir berikut ini

Formulir Penulisan Komentar

Nama
Alamat e-mail
Kode Keamanan
Komentar
 
Pencarian
Sekilas Info!
Arsip Artikel
Komentar Terkini
  • anton
    usaha yg bagus. analisa untuk bikin kandang kira k...baca selengkapnya
    03 Oktober 2020 21:32:33 WIB
  • Johnn
    Alangkah baiknya jika lampiran I,II, dan III juga ...baca selengkapnya
    05 Juni 2020 00:43:22 WIB
  • asy
    mohon informasi tambran itu nama desa atau dukuh/d...baca selengkapnya
    14 Oktober 2019 11:39:31 WIB
  • heri supriyanto
    mantab...baca selengkapnya
    23 Agustus 2018 13:14:50 WIB
  • Suyatno
    Mantap..... Mugo desa kalitekuk semakin maju dan w...baca selengkapnya
    24 Juli 2018 20:24:47 WIB
  • Sri hartatik
    Siip ikut pertemuan di baldes gedung nya sdh berac...baca selengkapnya
    24 Juli 2018 14:19:00 WIB
  • Sri hartatik
    Siip ikut pertemuan di baldes gedung nya sdh berac...baca selengkapnya
    24 Juli 2018 14:16:26 WIB

  • Tg 24 bln 07 -2018 pertemuan himpaudu di bale desa...baca selengkapnya
    24 Juli 2018 14:11:49 WIB
  • Yatno ( asli tambran)
    Aku bangga dengan apa yang di lakukan para pem...baca selengkapnya
    24 Juli 2018 13:54:38 WIB
  • SURYANTO
    Wa'alaikum salam wa rahmatullah wa barokatuh injih...baca selengkapnya
    15 Februari 2018 22:29:51 WIB
Galeri Foto
Statistik Kunjungan
Hari ini
Kemarin
Total Visitor
Media Sosial